Rabu, 02 September 2015

Goblok e Aku









Rasah kekeyan tele-tele, langsung wae, wong yo sing moco blog iki mung aku. Goblok e aku... mbuh ngapa iki lagi pengen wae nulis pake basa jawa, basa daerah saka daerahku, pas lagi merenung,, ah merenung ke basa jawane opoan ya? Ngalamun ketoke, reti2 aku kepikiran karo iki.. “goblok e aku” sing tak maksud nang kene yoiku goblok e udu nang pelajaran, nanging ana ing kehidupan.. em kauripan.. gek paling akeh yo mesti sebab e goro2 cewek... yok cewek.. arek wedok, sajenising wujud engkang iso nggarakno arek lanang iso gawe ilang akal e mergo polah lan ucapan saka lambene arek wedok e iku
Akeh sih contoh2 e.. nanging contoh simpel
e ki iki, jaman SMP mbien, pas isih bocah, ndemok kuping we durung geduk, numpak pit motor we dibengok2i simbok, ngising lawang e raditutup, nek turu ra nganggo sempak, ngerti opo sitik nggono nggumun.. ya ngono kui kurang luih dapurane cah SMP jaman semono.. pas ndek SMP biasane arek lanang lekas ngelirik arek wedok, simpel wae yo aku wae lah contoh e, jaman SD jane yo wis ngelirik cewek, iyo sih tapi apane cobo sing ameh dilirik? Susune we yo isih cilik-cilik koyo tutup gelas.

Pas melbu wayah SMP wis mulai ketok, wis iso mbedakne cewek sing ayu, sing elek, sing ganteng, sing susune gedhe, cilik, bokong e semok, tepos, lan sapiturute... sik sik,iki udu meh cerito jaman SMP, nanging pas goblok e aku pas jaman SMP, pas jaman semono aku seneng karo cewek, jeneng e.. arani wae Mawar, eh ojo Mawar iku wis terlalu mainstream, ganti Melati wae. Pawakan e Melati jane yo biasa wae, duwur e standar, susune standar, bokong e tepos malahan, gek servis e yo biasa-biasa wae raono kelebihane, nanging sing jeneng e wong kasmaran ki yo bedo, wong srintil wedhus we ketero koyo kismis, eek banteng ketero koyo brownis, uyuh jaran koyo ekstra jos, nek basa cino ne ‘tahi kucing pun terasa seperti coklat’ lah lambene sopo gawe unen-unen koyo ngono.

Oke melbu bab, dadi sing dadi aran aku goblok nang kene yoiku, aku nuruti kabeh panjaluke arek wedok iku mau, si Melati, jane kapiken nek tak jeluk Melati, ganti Kembang Sepatu wae. Nah si Kembang Sepatu iku cen e embuh dapurane pie, jaman semono enek e mung SMS, urung kaya saiki, wis enek BBM, Wasap, dalan komplotane. Nek sms yo butuh pulsa, pulsa butuh duit... nah si Kembang Sepatu kui gawene njaluk aku nukokne pulsa de e, yo cen goblok e aku, aku yo nuruti wae njaluke de e, mben seminggu pisan de e mesti njaluk pulsa 5ewu nang aku, jaman semono 5ewu ki gedhe nde termasuk e.. meh 2sasi aku dingonokne. . 

Mungkin mergo aku iki arek apik, aku entuk hidayah, pas lagi mlayu sikilku nggon jentik nabrak lingiran lawang, nahkan rasane loro tenan, pas kui aku tersadar, wis persetan karo si Kembang Sepatu aku rareh nukokne pulsa de e meneh. Terus sing ke 2, jaman kelas 9 SMP, jaman gencer-gencer e melu bimbel, dinggo persiapan melbu SMA karo Ujian Chunin, eh Ujian Nasional, nah bimbel sing paling akeh minate pas kui yo GO (Gajah Oling). Nah pas kui enek arek wedok, sing peneran yo melu bimbel kui, nanging de e ra ndue kendaraan, cen e GO iku lekas e jam 3sore ngasi 6bengi, jam 6bengi lak angel golek kendaraan umum, koyo helikopter, kapal selam, dll. Nah goblok  e aku, cen e arek wedok e iku mau, arani wae Kembang Setaman, si Kembang Setaman kui yo cen e ayu, mbodi, nanging rodo kriting rambute. Omah e karo omahku sak arah, dadi mben les bimbel, aku dadi tukang ojek e si Kembang Setaman iku mau. Ngono teros ngasi lulus SMP...

Yen jaman SMA wis gaono ngono2 kui, jaman SMA aku wis mari goblok e, wis pinter aku, yen diakumulasi, duit pulsa karo duit bensin e iku, hmm... aku wis iso tuku helikopter, montor mabur, kapal selam, menara eifel, piramida neng mesir, aku yo iso keliling dunia, dolan nyang somalia, zimbabwe, etiopia, tahiti, suriname, kepulauan madagaskar, aku yo iso dadi juragan unto, malah duite iso tak nggo kampanye aku dadi presiden. Yowis cukup semono cerita kali ini, kabeh kui mau intine tak jupuk hikmah e wae, anggep wae dinggo tolong menolong, gek btw cewek 2kui mau yo sidane dadi pacarku sih mbien, tapi saiki yowis pedot. Cinta monyet jaman SMP, urung cinta Brontosaurus.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar